Kamis, 18 Maret 2021

Bima Bungkus - Materi Belajar Basa Jawa kelas 4 SD

 Bima Bungkus 

Assalamu'alaikum...apa kabar teman-teman pakono? Selamat berjumpa kembali kepada Bapak/Ibu Guru, Orangtua, serta anak-anak semua. Pada kesempatan kali ini, kita akan Belajar Pinter Basa Jawa kelas 4 SD tentang cerita Bima Bungkus.


Cerita Wayang Bima Bungkus.
BIMA BUNGKUS

    Dina setu, Marwoto nonton wayang neng Bale Desa Banjarsari. Pamarentah Desa Banjarsari nggelar wayang kulit sewengi muput. Marwoto seneng banget maring tontonan wayang kulit. Dhalange pancen prigel lan titis olihe mbabarna lakon pagelaran. Niyagane trampil nabuh gamelane. Sindhene senajan wis sepuh, ningen swarane apik banget. Ragab lan rame pagelaran wayang sewengi nutug. Marwoto ora lunga sekang papan njagong kawit sore tekan esuk. Ki Dhalang mbabar lakon "Bima Bungkus".
    Ki Dhalang nyritakna kahanan Negara Ngastina. Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi penggalihe sungkawa jalaran lahire ponang jabang bayi sing wujud bungkus. Ora nana pusaka sing bisa temama nggo mbedhah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arep mecah bungkus, senajan mung lamis samudana, sing jan-jane arep nyirnakna jabang bayi wujud bungkus. Wisiking dhewa, jabang bayi bungkus kon debuwang neng alas Krendhawahana.
    Neng pertapan Wukir Retawu, Bagawan Abiyasa desowani Raden Dwija Kangka sing dekantheni punawakan papat, Semar, Gareng, Petruk, lan Bawor. "Kanjeng Eyang, kados pundi kahanan jabang bayi adhi kula ingkang arupi bungkus? Sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae. Bab menika, andadosaken sungkawane Ibu Kunthi."
    Sang Winasis Resi Abiyasa sing pancen luber pambudi wis pirsa apa sing dadi lakon. Pangandikane, "Putuku ngger, Dwija Kangka. Magertia angger adhimu nembe nglakoni karmane, mbesuk tembe adhimu si Bungkus bakal dadi satriya utama lan bakal olih apa sing kasebut wahyu jati."
    Anane si Bungkus ndadekake gegering Suralaya. Bumi gonjang-ganjing kadya binelah, gunung mledhug, lan samudra asat. Neng Suralaya, Bethara Guru nimbali Gajahsena, putra sang bethara sing wujud gajah, supaya mecah si Bungkus jabang bayi nganti dadi sejatining menungsa. Bethara Guru uga ngutus Dewi Umayi supaya nggladhi kawruh babagan kautaman urip maring si Bungkus.
    Rampung anggone aweh ngelmu kautaman urip maring si Bungkus, Dewi Umayi paring busana arupa cawet bang bintulu abrit, ireng, kuning, lan putih, saha paring pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka.
    Sabanjure sapurnane piwulang detampa jabang bayi, nanjur Gajahsena mbuka bungkus. Bayi bungkus diidhek dening Gajahsena banjur pecah bungkuse. Pecahe bungkus dados sapatemon bayi karo Gajahsena. Jabang bayi bungkus kaget banjur perang mungsuh Gajahsena. Gajahsena debanting dadi patine. Sirna ragane Gajahsena. Roh lan jaya kawijayan manjing jroning awake jabang bayi Bungkus sing wis uwar sekang bungkuse. Jabang bayi bagus dedege lan dhuwur.
    Sesirnane Gajahsena, banjur ketungka praptane Bethara Narada. Si Bungkus takon maring Sang Kabayandewa, "Heemmm, inyong kiye sapa?" Bethara Narada mangsuli, "Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sirna kuwe sejatine putra nomer loro ratu ing Ngastina, Prabu Pandhu Dewanata. Sliramu lair wujud bungkus, lan kersaning dhewa sliramu kudu dadi satriya utama, lan sira tak paringi tetenger Bratasena, ya ngger."
    Sewise aweh jeneng maring Bratasena, Bethara Narada kondur maring kahyangan. Sekondure Bethara Narada, banjur rawuh ratu sekang Tasikmadu sing nyuwun detulungi maring Bratasena. Bratasena desuwun nyirnakna raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta, lan Kala Ranu.
    Bratasena nyagahi aweh pitulung. Kadadeyane perang rame banget. Raden Bratasena mungsuh para raseksa. Pungkasaning perang, kabeh raseksa bisa desirnakna. Raseksa sing sirna nulin nyewiji maring ragane Bratasena dadi kekuatane Raden Bratasena. Kekuatane Bratasena tambah geni, lemah, angin, lan banyu.
    Pagelaran sesirnane raseksa nuli tanjeb gunung mungkasi pagelaran wayang kulit sewengi muput. Marwoto seneng atine merga Ki Dhalang wasis. Dhasare Ki Dhalang pinter lan titis awit tliti olehe milih wayang lan gendhing sing nggo ngiringi. Ki Dhalang tetes anggone nyritakna lakon"Bima Bungkus".

Sumber : Buku Pinter Basa Jawa Kelas 4 SD

Demikian materi belajar basa jawa cerita wayang berjudul "Bima Bungkus" untuk lebih memahami cerita silakan kerjakan latihan di link berikut ini  :


Terimakasih.



0 komentar:

Posting Komentar